Baca Juga: 2 Contoh Tugas Cerita Liburan Sekolah Tahun Baru 2023, Tema Membantu Ibu dan Liburan di Rumah Nenek
Jarak Purwokerto menyang Pantai Menganti jarake kira-kira 59 kilometer. Kurang luwih meh rong jam butul nang Pantai Menganti.
Dalan menyang Pantai Menganti ekstrem. Manjat mudun e medeni. Tapi kabeh terobati karo pemandangan sing apik pisan.
Aku maem seafood nang Pantai Menganti, rasane enak, ora amis. Nang Menganti, aku foto-foto, dolanan pasir lan nonton kapal nelayan sing pada balik.
Aku balik sekang Pantai Menganti jam telu sore. Rasane kesel tapi bungah pisan bisa dolan menyang Pantai Menganti sekeluarga.
2. Nonton Kembang Api nang Simpang Lima Semarang
Preian wingi aku dolan nang gone mbahku sing nang Semarang. Pas malem tahun baru, aku dijak sepupuku nonton kembang api nang Simpang Lima.
Pas sore, rencana nonton kembang api sempat ora sida. Soale Semarang udan gede lan ana sing banjir. Tapi jere mbahku, kon ditunggu madan wengian.
Jebule bener mbahku, jam 9 wengi udane rampung tur ora banjir. Aku mangkat nonton kembang api nang Simpang Lima karo seppupuku, bulik, paklik lan mbahku.