Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF

- 12 April 2023, 16:43 WIB
Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF
Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF /PIXABAY/@suhailsuri

Wonten ing kesempatan ingkang sae puniko, kito ngunjukaken syukur dumateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo wilangan, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kita sedoyo, sahinggo enjang puniko kito taksih saged menangi malih dinten riyaya Idul Fithri, lan saged makempal ing masjid puniko kanthi tanpo manggih rubedo satunggaling punopo. Monggo sami takbir ngagungaken asmanipun Allah, tahlil nyuwiji'aken dzatipun
Allah lan tahmid minongko bukti syukur atas peparingipun Allah.

Sholawat lan salam kito aturaken dumateng junjungan kito Rasulullah Muhammad SAW ingkang sampun ngajaraken dumateng kito kanthi lantaran sunnah supados kita dados manungso ingkang sampurno (insan kamil), sepatutipun kito tansah ngucap sholawat lan paring salam dumateng piyambakipun, kados dene Allah lan para malaikat tansah paring sholawat dumateng kanjeng Nabi Muhammad.

Wonten ing dinten puniko sasi Syawal manggihi kito kanthi kahanan kito ingkang fithrah, sasampunipun ijtima' akhir romadhon ninggalaken kito kanthi pepenget bilih dinten puniko minongko dinten kemenangan kanggenipun tiyang-tiyang ingkang sampun susah payah berjuang nglawan hawa napsu saklaminipun sasi romadhon, sekaligus minongko dinten perenungan lan tobat kanggenipun tiyang-tiyang ingkang sampun kalah dening godaning hawa napsu.

Wonten dinten puniko masjid-masjid mulai sepi saking suwanten adzan gangsal wekdal, sepi saking jama'ah sholat, sepi saking endahing swanten ayat-ayat suci al-Qur’an, sepi saking majelis ta'lim ugi sepi saking I'tikaf.

Baca Juga: Contoh Khutbah Idul Fitri Singkat, Tak Pakai Lama dan Anti Ditinggal Jemaah! Pesan Mengharukan Menyayat Hati

Wonten ing dinten puniko iblis laknatullah mulai bebas sak sampunipun dipun krangkeng, angajak manungso nglampahi kemaksiatan, keserakahan, penipuan, pemalsuan, lan sak pinunggalanipun dosa ingkang sampun kito tilar saklaminipun Romadhon.

Pramilo wonten ing kesempatan puniko, kito ginakaken kangge muhasabah ngukur kadar keimanan kito dumateng Allah Ta'ala kanthi tunduk nglampahi syariatipun arupi nglampahi sedoyo printah lan nilar sedoyo cegah.

Allahu Akbar 3x wa lillahilhmad
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,

Mboten wonten perpisahan ingkang langkung anggelani tinimbang
perpisahanipun kaliyan romadhon. Romadhon inggih puniko sasi ingkang kebak kaberkahan. Sakjatosipun romadhon anggadahi tujuan mangsulaken manungso dateng fithroh. Mboten manungso ingkang kebak kaliyan dosa lan maksiyat.

Baca Juga: Inilah Contoh Khutbah Idul Fitri 1444 H Singkat dan Menyentuh Hati Saat Momen Lebaran 2023

Halaman:

Editor: Galih Prabashinta P.P.


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x