Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF

- 12 April 2023, 16:43 WIB
Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF
Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa: Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah, Download Khutbah Lebaran PDF /PIXABAY/@suhailsuri

PORTAL PURWOKERTO - Berikut ini contoh teks khutbah Idul Fitri 1444 H dengan menggunakan Bahasa Jawa paling sedih dengan tema Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah atau dalam Bahasa Indonesia Idul Fitri sebagai sarana muhasabah diri. Perhatikan teks khutbah Bahasa Jawa di bawah ini.

Idul Fitri 1444 H menjadi momen kebahagiaan dan kemenangan setelah sebulan berpuasa menahan diri maupun hawa nafsu. Momen kebahagiaan karena dipertemukan kembali dengan kemenangan yang dinanti banyak umat Muslim.

Idul Fitri 1444 H juga menjadi pertemuan kembali dengan sanak saudara dengan harapan kembali seperti semula sebelum Cobid-19 melanda seluruh dunia. Kemenangan umat Muslim melawan dan bertahan dari cobaan tahun ini.

Momen Lebaran 2023 sangat ditunggu karena disini seluruh Muslim berkumpul menjadi satu. Idul Fitri 1444 H diharapkan menjadi momen untuk bermuhasabah diri.

Baca Juga: Contoh Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Sunda Paling Sedih Tentang Orangtua, Lebaran 2023 Waktu Bermaaf Maafan

Amalan ibadah yang dipupuk pada Ramadhan 1444 H diharapkan terus dilaksanakan meski bulan puasa sudah selesai. Itulah yang menjadi inti khutbah Bahasa Jawa ini.

Bahasa yang digunakan dalam khutbah Idul Fitri 1444 H ini mudah dipahami dan bisa membuat jamaah terharu. Berikut selengkapnya.

Teks Khutbah Idul Fitri 1444 H

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Kaum Muslimin Muslimat Jama'ah sholat Idul Fithri
Rahimakumullah…

Baca Juga: 7 Kartu Ucapan Idul Fitri 2023, Contoh Kartu Ucapan Selamat Hari Raya Idul Fitri dan Lebaran 2023

Wonten ing kesempatan ingkang sae puniko, kito ngunjukaken syukur dumateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo wilangan, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kita sedoyo, sahinggo enjang puniko kito taksih saged menangi malih dinten riyaya Idul Fithri, lan saged makempal ing masjid puniko kanthi tanpo manggih rubedo satunggaling punopo. Monggo sami takbir ngagungaken asmanipun Allah, tahlil nyuwiji'aken dzatipun
Allah lan tahmid minongko bukti syukur atas peparingipun Allah.

Sholawat lan salam kito aturaken dumateng junjungan kito Rasulullah Muhammad SAW ingkang sampun ngajaraken dumateng kito kanthi lantaran sunnah supados kita dados manungso ingkang sampurno (insan kamil), sepatutipun kito tansah ngucap sholawat lan paring salam dumateng piyambakipun, kados dene Allah lan para malaikat tansah paring sholawat dumateng kanjeng Nabi Muhammad.

Wonten ing dinten puniko sasi Syawal manggihi kito kanthi kahanan kito ingkang fithrah, sasampunipun ijtima' akhir romadhon ninggalaken kito kanthi pepenget bilih dinten puniko minongko dinten kemenangan kanggenipun tiyang-tiyang ingkang sampun susah payah berjuang nglawan hawa napsu saklaminipun sasi romadhon, sekaligus minongko dinten perenungan lan tobat kanggenipun tiyang-tiyang ingkang sampun kalah dening godaning hawa napsu.

Wonten dinten puniko masjid-masjid mulai sepi saking suwanten adzan gangsal wekdal, sepi saking jama'ah sholat, sepi saking endahing swanten ayat-ayat suci al-Qur’an, sepi saking majelis ta'lim ugi sepi saking I'tikaf.

Baca Juga: Contoh Khutbah Idul Fitri Singkat, Tak Pakai Lama dan Anti Ditinggal Jemaah! Pesan Mengharukan Menyayat Hati

Wonten ing dinten puniko iblis laknatullah mulai bebas sak sampunipun dipun krangkeng, angajak manungso nglampahi kemaksiatan, keserakahan, penipuan, pemalsuan, lan sak pinunggalanipun dosa ingkang sampun kito tilar saklaminipun Romadhon.

Pramilo wonten ing kesempatan puniko, kito ginakaken kangge muhasabah ngukur kadar keimanan kito dumateng Allah Ta'ala kanthi tunduk nglampahi syariatipun arupi nglampahi sedoyo printah lan nilar sedoyo cegah.

Allahu Akbar 3x wa lillahilhmad
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah,

Mboten wonten perpisahan ingkang langkung anggelani tinimbang
perpisahanipun kaliyan romadhon. Romadhon inggih puniko sasi ingkang kebak kaberkahan. Sakjatosipun romadhon anggadahi tujuan mangsulaken manungso dateng fithroh. Mboten manungso ingkang kebak kaliyan dosa lan maksiyat.

Baca Juga: Inilah Contoh Khutbah Idul Fitri 1444 H Singkat dan Menyentuh Hati Saat Momen Lebaran 2023

Monggo sesarengan kito gatosaken dhawuhipun Allah Subhanahu Wata'ala wonten ing surat Ar-Rum ayat 30:

"Mongko, njumenengno iro ing rai iro marang agomo sarono condong temenan. Netepono siro ing fithrohe Allah kang wus nitahake Allah marang manungso ing fithrohe. Ora ono owah marang fithrohe Allah. Mengkono iku agomo kang jejeg, nanging akeh-akehe manungso ora podho ngerteni."

Wonten ing kitab Al-Ibriz, Kiyai Bisri Mustofa Rembang paring penjelasan ayat kasebat bilih wonten tigang perkawis ingkang kedah kito perhatosaken:

1. Netepi ing agami ingkang lurus inggih puniko agami islam ateges murniaken agami islam lan mboten nyelewengaken agami islam kados ingkang sampun dipun lampahi dening tiyang yahudi lan nasrani.

2. Netepi ing fithrohipun Allah Ta'ala ingkang sampun dipun titahaken Allah Ta'ala sarono dasar agami Islam.

3. Mboten pareng ngowahi maring titahipun Allah Ta'ala ateges tiyang ingkang ngowahi maring fithrohipun Allah Ta'ala kalebet golonganipun tiyang ingkang musyrik.

...............................................

Lanjutan khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa tersebut dapat didownload pada laman berikut ini:

Klik Disini

Demikian isi teks khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa dengan tema Idul Fitri Kangge Sarana Muhasabah.***

Editor: Galih Prabashinta P.P.


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah