Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa

- 26 Juni 2023, 06:34 WIB
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa /ANTARA FOTO/Fakhri Hermansyah

Hikmah angka setunggal, bilih sak temene tiyang ingkang nejo ibadah utawi taqarrubdumateng Allah niku mesthi badhe ngadepi ujian-ujian ingkang mboten ringan. Kados dawuhipun Imam Ghozali ing kitab Minhajul ‘Abidin:\

Baca Juga: Tata Cara Sholat Idul Adha Berjamaah dan Bacaan Niat Sholat Idul Adha yang Wajib Diketahui Umat Muslim

Artosipun: Sak temene ora ana ibadah, kejaba ing sak jroning ibadah iku mesti ana rasa abot, kerono ibadah iku ora bakal iso dilakoni kejobo kelawan meksa hawa nafsu. Nulayani hawa nafsu lan meksa hawa nafsu iku setengah saking perkara kang banget abote mungguhe manungsa.

Hikmah angka kalih, keimanan lan ketakwaan kulo lan panjenengan nalikane badhe diangkat dening Allah, mila Allah paring ujian rumiyin. Perlu dipun mangertosi bilih saya inggil keimanan lan ketakwaan, maka soyo ageng ujian ingkang badhe dipun tampi. Kanjeng Nabi Muhammad Saw nate dipun suwuni pirsa dening sahabat Sa’ad bin Abi Waqos: “Ya, Raululullah, sinten ingkang paling awrat ujianipun ing dunya punika?” Kanjeng Nabi Saw njawab: اَشَدُّ بَلَإءً اَلْاَنْبِيَاءُ ثُمَّ الْعُلَمَاءُ ثُمَّ اْلاَمْثَلُ فَالْاَمْثَلُ  artosipun: ujian kang paling abot yaiiku ujiane para Nabi, nuli para Ulama, nuli para wong-wong kang punika lan sak terusipun.

Perkawis punika selaras kalian dawuhipun Allah Swt wonten surat Al-Ankabut ayat 3:

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ

وَلَقَدْ فَتَنَّا ٱلَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَلَيَعْلَمَنَّ ٱللَّهُ ٱلَّذِينَ صَدَقُوا۟ وَلَيَعْلَمَنَّ ٱلْكَٰذِبِينَ

Artosipun: Sak temene Ingsun Allah wus nguji marang wong-wong kang sak durunge deweke, supaya Allah mangertosi endi wong-wong kang temen-temen iman marang Allah, lan endi-endi wong-wong kang pada goroh dumateng perintahipun Allah (Q.S. Al-Ankabut: 3).

Hikmah angka tiga, Cinta dumateng Allah niku sampun final, ampun ngantos cinta kita dumateng makhluk ngalahaken raos cinta dumateng Allah. Bilih ing sak lebetipun diri manungsa wonten ati, akal, lan hawa nafsu. Hawa nafsu condong dumateng perkawis-perkawis ingkang sifatipun materi kados bandho dunyo, rojo bondho lan lintu-lintunipun. Sedaya niku wahu mengarah dumateng kepuasan lan kemareman pribadi, sahingga kita dipun emutaken dening Allah wonten ing surat Al-Kahfi ayat 46:

Baca Juga: Contoh Khutbah Idul Adha 2023 Tema Hikmah Berkurban yang Singkat Padat untuk Keluarga

Halaman:

Editor: Mericy Setianingrum

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah