Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa

- 26 Juni 2023, 06:34 WIB
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa
Contoh Teks Khutbah Idul Adha 2023 Bahasa Jawa NU Mengikuti Nabi Ibrahim AS dalam Hal Iman dan Takwa /ANTARA FOTO/Fakhri Hermansyah

رَبِّ هَبْ لِى مِنَ ٱلصَّٰلِحِينَ ، فَبَشَّرْنَٰهُ بِغُلَٰمٍ حَلِيمٍ ، فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ ٱلسَّعْىَ قَالَ يَٰبُنَىَّ إِنِّىٓ أَرَىٰ فِى ٱلْمَنَامِ أَنِّىٓ أَذْبَحُكَ فَٱنظُرْ مَاذَا تَرَىٰ ۚ قَالَ يَٰٓأَبَتِ ٱفْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِىٓ إِن شَآءَ ٱللَّهُ مِنَ ٱلصَّٰبِرِينَ ، فَلَمَّآ أَسْلَمَا وَتَلَّهُۥ لِلْجَبِينِ ، وَنَٰدَيْنَٰهُ أَن يَٰٓإِبْرَٰهِيمُ ، قَدْ صَدَّقْتَ ٱلرُّءْيَآ ۚ إِنَّا كَذَٰلِكَ نَجْزِى ٱلْمُحْسِنِينَ ، إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ ٱلْبَلَٰٓؤُا۟ ٱلْمُبِينُ

Artosipun: Duh Pangeran kawula, mugia panjenengan paring dumateng kawula putra ingkang sholih. Nuli Ingsun Allah paring Nabi Ibrahim putra ingkang banget sabare. Nalikanee putra wau sampun umur dewasa, sampun nyambut damel sesarengan Ramanipun, kang inggih Nabi Ibrahim A.S, nuli Nabi Ibrahim A.S nimbali ingkang Putra, yaiku Nabi Ismail A.S: “He, Anakku, sak temene Aku weruh ing jeruning impenku, Aku diperintah Allah Swt nyembelih sliramu, Aku angen-angen, piye yen menurut sliramu?” Kang Putra (Nabi Ismail A.S) njawab: “Rama, napa ingkang dados perintahipun Allah Swt Panjenengan lampahi kemawon, insya Allah Panjenengan badhe manggihi kula klebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sabar.

Nuli Nabi Ibrahim A.S ngelaksanaaken napa ingkang dados perintah punika, Nabi Ibrahim A.S lan ingkang Putra (Nabi Ismail A.S) sampun pasrah dumateng perintahipun Allah Swt. Nalika pipinipun Nabi Ismail A.S ditempelaken ing lemah, nuli Allah Swt nimbali Nabi Ibrahim A.S: “He, Ibrahim, saktemene sliramu wus netepi perintah kang saka impen iku, lan saktemene kanthi cara kang kaya mengkana iku, ingsun mbales wong-wong kang agawe kabecikan. Lan saktemen kedadehan iku dadi ujian kang nyata (QS. As-Shoffat 100-106).

Hadirin jama’ah salat ‘idul Adha rahimakumullah.

Saking nukilan ayat ing inggil cetha sanget bilih Nabi Ibrahim A.S lan Nabi Ismail A.S nampi printah saking Allah Swt, perintah ingkang luar biasa awratipun. Nabi Ibrahim A.S ingkang wekdal punika sanget ngarepaken anggadahi putra ingkang dipun ajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun.

Ananging sak sampunipun dunga lan napa ingkang dados pamandutipun dipun kabulaken dening Allah Swt, dibuktikan kanthi lahiripun bayi ingkang dipun paringi asma Ismail. Lajeng nalika ngancik dewasa, Nabi Ibrahim A.S pikantuk perintah saking Allah SWT supados mragat putra kinasihipun.

Saking peristiwa menika kita mangertos bilih kesabaran lan ketakwaan Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail diuji dening Allah. Menawi namung adhedasar pertimbangan akal kemawon, tamtu langka sanget nampi kasunyatan punika. Nanging, Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail ing dalem kahanan kang rupek, nanging Panjenenganipun kekalih tetep yakin bilih taat dumateng perintahipun Allah punika ingkang dados tujuanipun gesangipun.

Baca Juga: Jadwal Operasional PT BPR BKK Jatilawang, 28-29 Juni 2023 Libur Idul Adha, Tanggal 30 Juni Buka atau Tutup?

Punapa kemawon mboten wonten ingkang saget nggantos setunggaling ketaatan dumateng Allah. Kanthi raos sabar ingkang luar biasa, perintah kasebat dipun laksanaaken. Estu, mboten kanyono-nyono, kanti bekal ketaatan, kesabaran, keikhlasan lan kepatuhan ing ndalem melaksanakan perintah Allah. Nalika Nabi Ibrahim badhe mragat Nabi Ismail, sak kedeping netro, Allah ngganthos posisi Nabi Ismail kanthi setunggaling mendho dumba.

 

Halaman:

Editor: Mericy Setianingrum

Sumber: NU Ponorogo


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah